Oleh: Kyai Hafid Amrulloh
Episode.Pertama
1. Islam iso gede ora sebab poso dalail terus, qiyamul lail terus. Ngunu iku ora menguntungkan islam blas, paling banter sampean terkenal wali ae.
Tapi yang menguntungkan islam iku ketika hati kita berkomitmen untuk menjalin kesinambungan persaudaraan.
Misalnya, seduluran karo teman-teman di NTT, —mulang Aqoid Khomsin, membangun Masjid atau Majelis Ta’lim di daerah-daerah yg masih banyak kemungkaran (kota-kota/plosok desa).
Membantu saudara kita di daerah bencana, sehingga mereka tetap meyakini—ngugemi kenikmatan Allah.
2. Kulo niku nek maos istigfar sitik. Jarang kulo moco istigfar akeh. Tapi maos istigfar seng paling kulo jiwai niku ;
رَبِّ اغْفِرْ لِي وَلِوَالِدَيَّ وَلِمَنْ دَخَلَ بَيْتِيَ مُؤْمِنًا وَلِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَلَا تَزِدِ الظَّالِمِينَ إِلَّا تَبَارًا.
Kenapa ?. Karena mukminin inilah yg mengajarkan tauhid dimana-mana, ngajn ridho dengan Allah, ngajarno ngempet nafsune.
Dadi kulo suwon, jenengan nek dongo kados Nabi-Nabi. Nabi Nuh niku kan Nabi paling kereng (Nabi Garis Kanan), tapi nek dongo yo moco
رَبِّ اغْفِرْ لِي وَلِوَالِدَيَّ وَلِمَنْ دَخَلَ بَيْتِيَ مُؤْمِنًا وَلِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ….
Delok en neng deso-deso, seng ngopeni islam dek kono ora kiyai pondok gede-gede. Tapi kiyai ndeso seng amplop e 20.000. Ngono pas teko yo ora di sambut, ngundang yo karo rokokan, gak hormat blas. Hahaha.
3. Kulo niku gadah kitab, dan hampir semua naskah kitab saya, tak cantumkan riwayat ini. Riwayat iki gak usah sampean bayangne (bighoiri takayyufin).
Dan pas iku wonten Allah, wonten Malaikat Jibril, wonten Nabi Muhammad Saw. Di depannya itu para Rasul para Nabi-Nabi, di belakangnya para wali-wali dan Ulama’. Pokok e wong kondang-kondang.
Nabi iku mator ngene,
اي ربي عبادك عبدوك فى اطراف الأرض
“Gusti seng nyembah Jenengan mboten Rasul tok, Nabi tok, wong seng kondang-kondang tok. Wong-wong seng mek kayu nggeh nyembah Jenengan, wong frustasi nggeh nyembah jenengan. Niku nggeh barokah ajarane Nabi ne Jenengan”
Makane kulo nek kaleh preman niku nggeh kadang tak kek ie duwek, “Gus aku preman kok mbok kek ie duwek ?”. —kowe tau kepikiran pindah Agomo ?. “Mboten nate Gus”. —misale enek agomo seng ngalalne kelakuanmu kowe pindah agomo ?. “Mboten Gus, atok kulo nglanggar dari pada pindah agomo Gus”.
Lo jenengan bayangne, Fasiq e ngono kok gak kepikiran pindah Agomo. Lo niki nek gak sebab hidayate Allah gak iso iki.
Dadi wong iku yo kadang kudu mikir jasane preman …. Makane Agomo Islam iku aneh,
صِبْغَةَ ٱللَّهِ ۖ وَمَنْ أَحْسَنُ مِنَ ٱللَّهِ صِبْغَةً
Dadi iki sirrine pentinge jogo kekancan. Makane keluhane wong kaffir mbesok dek neroko iku, wong kafir ora nduwe konco.
4. Kalimat حم itu dari kata هم. Bahasa arab iku kadang huruf ه di ganti ح. Lo kulo serius niki, niki seng ngendikan Ahli kamus, mboten abal-abal.
Dadi حم iku dari هم artine (اهتمام — orang yg memiliki keinginan kuat).
Nah awak dewe bejo nduwe Nabi seng duwe keinginan kuwat nyafaati umat e. Termasuk wong-wong seng ahli doso.
شفاعتي لأَهلِ الْكبائرِ من أمَّتي
Kenopo Nabi kok begitu semangat nyafaati umat e ?. Sebab Nabi iku yo ngroso utamg jasa ten umat e seng ngunukuwi. Wong premane ngono, fasiq e ngono, tapi kon ganti Nabi ora gelem. Hahaha. Padalah nek di kon sholeh nemen yo emoh. Kan yo aneh to. Hahaha.
Ora sholat, tapi nek kon nyumbang utowo melu bangun Masjid seneng. Jarene, seng sholat ben kramik e ndisek. Kulo ken ken mawon Gus. Hahaha. Makane wong kudu mikir tekan kono.
5. Seng nylametno Islam iku ilmu (ilmu perintah pertama neng gene agama islam —iqro). Mergo ilmu iku seng gelem ngakoni
من قال لا اله الا الله دخل الجنة وأن زنا وان سرق
La nek agomo kecekel wong sholih, wong sholih ora siap ngadepi wong-wong ngunukuwi. Pengene wong sholih iku surgo mong gekne ndekne tok.
Wong sholih kuwi wajib mbok hormati, tapi nek fatwa rodok gloyor-gloyor sitik, mergo gak siap.
6. Kulo niku nek ten pondok-pondok Qur’an sering nerangne ayat
ثُمَّ اَوْرَثْنَا الْكِتٰبَ الَّذِيْنَ اصْطَفَيْنَا مِنْ عِبَادِنَاۚ فَمِنْهُمْ ظَالِمٌ لِّنَفْسِهٖۚ وَمِنْهُمْ مُّقْتَصِدٌۚ وَمِنْهُمْ سَابِقٌۢ بِالْخَيْرٰتِ بِاِذْنِ اللّٰهِۗ ذٰلِكَ هُوَ الْفَضْلُ الْكَبِيْرُۗ
Seng pertama di sebut iku فَمِنْهُمْ ظَالِمٌ لِّنَفْسِهٖۚ, mergo TPQ TPQ ten ndeso nek gurune salah siji gak ayu niki yo gak mlakh TPQ ne. Nek onk seng ayu rodok fasiq (Budal sebab pengeb ketemu guru ayu mau).
Nek ora ngajokno Bansos yo gak mlaku. Dadi kandang santri-santei jalok syahadah tahfidz ten kulo niku nggeh damwl pengajuan Bansos. Hahahah.
“Ki mbok go nglamar mlebu suwargo, utowo mbok go dunyo ?”. —niku Gus ten Bojonegoro wonten program xx nek mboten enten syahadah mboten saget. Hahaha.
La kulo terus ngeten, “Gusti jenengan niku seng janji, nek kapan wong sholih iku oleh fi dunnya hasanah”. Tapi kulo tetep meseni ten kang-kang, “kowe tetep mulang lo yo seng gak enek duwek e”. Ben oleh wa fil Akhiroti hasanah.
Oleh: Nur Fuad









